16/03/13

Desa Wisata Jelok Minangka Kampung Nusantara

Senin, 06 February 2012 | 18:17 WIB



Desa Wisata Jelok Minangka Kampung Nusantara

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Desa Wisata Jelok nggadhahi kaskaya alam ingkang hanglamlami, lan saged dipun rembakakaken minangka papan wisata. Wiyaripun pasabinan lan ilining Lepen Oya ingkang boten nate asat, jinurung gregeting warga dhateng donyaning pariwisata dipun ajab nggrengsengaken gregetipun wisatawan plesir dhateng Kampung Jelok.
Samangke ing Gunung Kidul kathah dipun rembakakaken desa wisata, jalaran warga wiwit tinarbuka lan greget ngrembakakaken desanipun.  Dhusun Jelok, Desa Beji, Patuk, Gunungkidul ingkang kaloka amargi endahing kawontenan alamipun kawawas trep manawi dipun rembakakaken minangka desa wisata. Kajawi punika, Desa Jelok ingkang ugi sinebat  kampung Nusantara, ugi greget ngrembakakaken wewengkonipun minangka   desa wisata lan komunitas belajar pendidikan non-formal.
Minggu (5/2) siang, Kepala Dinas Pariwisata Propinsi DIY, sesarengan  Wakil Bupati Gunungkidul nyemak endahing wewengkon  alam ing Jelok. Rombongan dipun dherekaken dening Karang Taruna nyemak kaendahaning Desa Jelok.
(Chandra Saputra)

http://www.jogjatv.tv/berita/06/02/2012/desa-wisata-jelok-minangka-kampung-nusantara 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar